RANGKUMAN BAHASA JAWA KELAS 5
Wulangan 1-4
❖ Teks narasi yaiku teks sing nyeritakake kedadeyan kanthi runtut saka awal tekan akhir.
❖ Teks narasi katulis nggunakake kronologis, artine urutan wektu.
❖ Sing perlu ditemtokake sepisanan nalika arep nulis crita bab kedadeyan yaiku tema karangan.
❖ Kedadeyan sing nyenengake bisa dadi piwulang supaya ditularake marang wong liya.
❖ Contohe kedadeyan sing njengkelake irisan laos dikira daging empal.
❖ Pawarta kuwi ing basa Indhonesia padha karo berita.
❖ Pawarta yaiku andharan marang liyan ngenani kedadeyan kang nyata.
❖ Kalawarti yaiku pawarta sing diterbitake kala-kala/ora saben dina.
❖ Adhedhasar isine pawarta dibagi dadi : agama, politik, hukum, ekonomi.
❖ Pawarta Regional yaiku pawarta sing penyebarane ana sajrone provinsi.
❖ Pawarta Internasional yaiku pawarta sing beritane saka sakjabane Indhonesia. Misale ana kejadian
angin tornado ing Amerika, stasiun TV Indhonesia nyiarake kedadeyan kasebut.
❖ Contohe medhia elektronik : TV, HP, Komputer. Contohe medhia cetak : majalah, koran.
❖ Lafal tembung-tembung nalika maca teks pawarta disebut pocapan.
❖ Unsur pembangune pawarta diarani 5W + 1H
Ayo coba latihan nggoleki unsur apa, sapa, ing ngendi, kapan, nyapo, kepiye!
Kepala Dinas Kesehatan Provinsi Jawa Timur Harsono, Senen (2/2/2020) ngabarake 23 kabupaten
ngalami kejadian luar biasa (KLB) lelara demam berdarah dangue wiwit 1 Februari. Seminggu
sadurunge, kabupaten sing dinyatakake KLB iku disebabke akehe warga kang kaserang demam
berdarah dibandingke taun sadurunge. Nanging status KLB ing saben-saben kabupaten utawa
kutha diputusake karo kepala dhaerah dhewe-dhewe.
Apa (what) = 23 Kabupaten ngalami kejadian luar biasa
Sapa (who) = Harsono, Kepala Dinas Kesehatan Provinsi Jawa Timur
Ing ngendi (where) = 23 Kabupaten ing Jawa Timur
Kapan (when) = wiwit 1 Februari
Nyapo (why) = akehe warga kaserang demam berdarah
Kepiye (How) = status KLB ing saben-saben kabupaten utawa kutha diputusake karo kepala dhaerah
dhewe-dhewe.
❖ Tembung saroja yaiku tembung loro sing dienggo bareng-bareng artine padha utawa dadi banget.
Contohe :
Tukar padu Arum wangi Sopan santun
Guyup rukun Was sumelang Gotong royong
❖ Tembung camboran yaiku tembung loro sing artine beda dienggo bareng-bareng nduweni arti anyar.
Tembung camboran dibagi dadi 2 yaiku camboran utuh lan camboran tugel.
Contohe camboran utuh :
Semar mendem (jenenge panganan)
Juru kunci (wong sing njaga panggonan keramat)
Dadar gulung (jenenge panganan)
Gula pasir (gula sing bentuke kaya pasir)
Contohe camboran tugel :
Bulik (ibu + cilik) Bangjo (abang + ijo)
Wedang (we + diadang) Pakdhe ( bapak + gedhe)
❖ Tembung entar yaiku tembung sing duwe arti ora saktenane. Contohe :
- Banting tulang : kerja keras - Landhep pikire : pinter
- Dawa tangane : seneng nyolong - Ngabangke kuping : gawe nesu
- Adus keringet : kerja keras - Dawa ususe : sabar
❖ Tembang macapat iku jenise ana 11, salah sijine yaiku tembang Pocung.
❖ Isine tembang Pocung yaiku guyonan lan pitutur (nasehat). Contohe Pocung isi pitutur :
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani tembang kasebut isine pitutur kanggo golek ilmu
Setya budya pangekese dur angkara
❖ Tembang Pocung iku watake sakpenake.
❖ Tembang Pocung nduweni guru wilangan lan guru lagu 12u, 6a, 8i, 12a, 12u.
❖ Guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasane gatra.
❖ Pelog yaiku titi laras/nada sing nduweni interval 1,2,3,5,6.
❖ 5 6 1 1 1 1 12 2 titi laras
Si- na- wung res- mi- ning ki- dung cakepan/lirik
❖ Tembang pocung juga bisa kanggo bedhekan/tebakan. Contohe :
Bapak pocung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakane jalmi batangan/jawabane : onta
Mbrenjul suku panjang gulu dawa
Keterangan :
Tanah kudus yaiku Negara Arab
Nyimpen toya yaiku menyimpan air
Tumpakane jalmi yaiku ditumpaki manungsa
Suku panjang yaiku sikil dawa
Selamat belajar
Semoga mendapatkan hasil yang baik :)