0% found this document useful (0 votes)
12 views

Intermediate Javanese Lesson 11 by Elinor

Uploaded by

Uswatun Khasanah
Copyright
© © All Rights Reserved
Available Formats
Download as DOCX, PDF, TXT or read online on Scribd
0% found this document useful (0 votes)
12 views

Intermediate Javanese Lesson 11 by Elinor

Uploaded by

Uswatun Khasanah
Copyright
© © All Rights Reserved
Available Formats
Download as DOCX, PDF, TXT or read online on Scribd
You are on page 1/ 4

Lesson 11.

Pardi Menyang Omahe Pamane


Pardi : Kula nuwun!
Paman : Sinten punika?
Pardi : Kula Pardi!
Paman : E, jebul Pardi, kene takdarani dhayoh ngendi. Kene mlebua, Di.
Pardi : Inggih, Pak, nuwun.
Paman : Mrene ana perlune, apa mung dolan wae?
Pardi : Inggih namung sowan, ngiras wonten perlunipun sekedhik, dipunutus
bapak.
Paman : Bapake lan liyane saomah rak ya padha slamet ta?
Pardi : Pangestunipun bapak, sedaya wilujeng. Kula dipunutus bapak,
kapurih ngaturaken serat punika.
Paman : Ya; layang apa ta iki?
Pardi : Pangapunten; tiyang bapak boten ngendika punapa-punapa, namung
ngendika kapurih ngaturaken bapak mriki.
Paman : Apa kowe kon nggawa wangsulane uga?
Pardi : Bapak boten ngendika punapa-punapa bab wangsulan; kula kinten
boten.
Paman : Ya, becik; mengko yen perlu wangsulan, tak kongkonan bocah wae.
Kepenakna lungguhmu, Di.
Pardi : Inggih pak, sampun sekeca. Nuwun!
Paman : Di, kowe rak lagi libur sekolahmu ya, Di?
Pardi : Inggih, pak; bibar inggah-inggahan libur kalih tengah wulan.
Paman : Kowe rak ya munggah ta? Aku kok nganti lali takon kabare. Ning
mesthine rak ya munggah, wong rapormu biyasane becik.
Pardi : Inggih, saking pangestunipun bapak, minggah. Benjing taun ngajeng
punika badhe eksamen ingkang pungkasan.
Paman : O, ya, bener, muga-muga wae mengko bisa menang kanthi angka
sing apik-apik.
Pardi : Nuwun, pangestunipun bapak, mugi-mugi kemawon saged nerusaken
sekolah kula.
Paman : Yen wis tamat kowe arep nerusake sekolah apa, Di?
Pardi : Angkah kula badhe nglebeti sekolah dhokter, mekaten punika
menawi bapak kiyat ngragadi.
Paman : Apa ora bisa oleh pitulungan saka Pemerintah?
Pardi : Sagedipun saged, menawi eksamenipun angsal mawi angka-angka
ingkang sae.
Paman : O, mengkono! Kirane nek kon ngragadi terus bapakmu ora kuwat;
mula sinaumu sing mempeng ya Di, ben bisa oleh pitulungan saka
Pemerintah, ben karepmu besuk, bisa ketekan.
Pardi : Inggih Pak, mila kula inggih mangertos menawi bapak boten kiyat
terus ngragadi pasinaon kula. Boten langkung, bapak kersaa maringi
pangestu saha bantuan batin supados taun ngajeng kula saged lulus
eksamen mawi angka-angka sae.
Paman : Ya, Di ya. Tak melu dongakake, supaya kekarepanmu bisa ketekan.
Pardi : Bulik kok boten ketingal, punapa tindakan Pak?
Paman : Iya; lagi lunga karo adhimu Titi mau, tak kira menyang toko, mbuh
menyang mgendi. Apa ana perlune karo bulikmu?
Pardi : Boten Pak; namung welingipun Ibu, menawi bulik saweg sela,
dipunaturi tindak mrika; perlunipun kula boten mangertos; Ibu namung
weling mekaten kemawon.
Paman : Iya, mengko tak kandhakake nyang bulikmu.
Pardi : Kepareng nyuwun pamit Pak; badhe wangsul sapunika.
Paman : Kok enggal-enggal bali, mbok ngenteni bulikmu dhisik, utawa
ngenteni Titi; jarene Titi kepengin ndeleng gambar sorot; aku kon
ngeterake. Lha wong aku ora seneng lan iya ora ngerti. Nek kober
terna!
Pardi : Inggih Pak; namung sapunika dereng saged; sampun janji kaliyan
kanca, badhe dhateng griyanipun sapunika, ngrembag bab anggen
kula badhe dhateng Semarang Minggu ngajeng. Benjing-enjing kula
sowan malih.
Paman : Ya, becik.
Pardi : Kepareng Pak; sampun!

EXERCISE
I
Read each of the following questions aloud (including its number); then answer it
orally in Javanese.
1. Apa sababe Pardi sowan pamane?
2. Pardi matur apa, dhek pamane mundhut pirsa apa bapake Pardi mundhut
wangsulan?
3. Liburane Pardi pirang dina?
4. Dheweke apa munggah?
5. Suk taun ngarep Pardi arep apa?
6. Yen wis tamat sekolahe dheweke arep apa?
7. Apa bapake bakal bisa ngragadi dheweke?
8. Apa sig dibutuhake supaya bisa oleh pitulungan saka Pemerintah?
9. Pardi nyuwun apa menyang pamane?
10. Ning apa kok Pardi arep ketemu karo bulike?
11. Bulike ning endi?
12. Titi iku sapa?
13. Apa sababe pamane Pardi ora gelem ngeterake Titi nonton bioskop?
14. Ning apa Pardi ora bisa ngeterake Titi ndeleng sorot saiki?
15. Besuk apa Pardi arep sowan maneh?

II
Translate the following sentences orally into Javanese, in both Krama and Ngoko.
Practice them until you can say them fluently and without looking up any words.
1. Pardi's wishes come true.
2. Pardi asked for his uncle’s moral support.
3. Pardi wants to enter medical school.
4. Pardi discussed a trip to Semarang with his friend Tomo.
5. Pardi has to get the highest possible marks on his final examinations.
6. Pardi passed his final examinations with high marks.
7. Pardi's mother said that his aunt should come to visit her.
8. Pardi plans to continue his education.
9. Pardi asked for his uncle’s blessing.
10. Pardi hopes to get help from the government.

You might also like